Tegese pranatacara yaiku - Diangpedia

Tegese pranatacara yaiku

Pranatacara Yaiku

Pranatacara utawa uga asring kasebut MC, pranata adicara, pambiwara, pranata laksitaning adicara, pranata titilaksana. Pranatacara dumadi saka tembung pra (ater-ater), nata (menata), lan acara. Tegese pranatacara yaiku wong sing tugase nata sawijining acara utawa macakake rantaman urut-urutane acara kasebyt amarga mlakune acara dadi jawabe.

Pranatacara


Pranatacara kuwi sawijining paraga utawa wong ingkang nduweni tugas dadi perantara titilaksana (lakune) sawijining upacara, tuladhane upacara adat temanten, pepanggihan utawa pertemuan, pajamuan utawa pesta, acara tanggap warsa, acara khitan, lsp.

Kayata dening acara upacara adata temanten Jawa, pranatacara ditugasi mandhu lakune adicara ijab, pawiwahan lan pahargyan. Nadyan kaya mengkono kadhangkala ijab kabul amdeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan lan pahargyan utawa resepsi temanten.

Sangune Pranatacara

Pranatacara uga nduweni sangu supaya lancar mandhu acara kanthi acarane selesai. Sangune minangka dadi pranatacara yaiku,
  1. Nguwasanu acara/materi, pranatacara kudu mangerteni materine
  2. Olah swara, gladhen kedaling lesan utawa pelafalan. Gladhe wirama, gayut seru lirih, cendhek dhuwure
  3. Olah busana, migunakake sandhangan kang trep karo kahanan nalika dadi pranatacara utawa nyesuaikke acara
  4. Olah basa, nggladhi migunakake basa kang bener trep marang kahanan. Pranatacara kudu bisa nglarasake basa kang digunakake karo kahanan lan para rawuh
  5. Olah sastra, nyinauni bab kasusastran kang bisa digunakake nalika ngayahi jejibahan. Tuladhane migunakake tembang, parikan, lan sapanunggale.


Struktur Teks Pranatacara

Dene kanggo gawe teks pranatacara kui kudu weruh strukture teks pranata. Strukture teks pranata cara yaiku,
  1. Salam Pambuka, bisa nggunakake Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh utawa nuwun kawula nuwun.
  2. Ucap Muji Syukur marang Gusti ingkang Maha Kuasa sarta ngaturake sholawat salam marang Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
  3. Sapa Aruh, aruh-aruh marang kabeh tamu undangan. Anggone sapa aruh mau diawiti saka wong paling tuwa nganti marang sing enom, saka sing pangkate luwih dhuwur nganti sing endhek, lsp.
  4. Ngaturake Ancasing Gati. Acasing gati yaiku apa kang dadi tujuan saka adicara kang dilaksanakan ing wektu paraga pranatacara kudu weruh.
  5. Panutup, pranatacara ngatur marang para rawuh munggah acara kang dirantam, serta ngajak ngenut lakuning pahagyan kanthi kapenak.
  6. Salam Panutup, Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Pranatacara kudu nggatekake apa kang diarani 4W, opo iku 4W? 4W yaiku Wiraga, Wicara, Wirasa, lan Wirama.
  1. Wiraga yaiku migunakake basa kang trep,
  2. Wirasa yaiku kudu ngertenu mungguh wirasane basa,
  3. Wirama yaiku mijiling basa kang wijang, ririh, rereh lan praktis,
  4. Wiraga yaiku solah tingkah, tandang tanduk kudi subasita.

Itulah penjelasan tentang pranatacara. Sekian penjelasan kali ini, semoga bermanfaat.

Berlangganan update artikel terbaru via email:

0 Response to "Tegese pranatacara yaiku"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Bawah Artikel

© Copyright Diangpedia All Rights Reserved