Apa iku pacelathon? Pacelathon tegese - Diangpedia

Apa iku pacelathon? Pacelathon tegese

Pacelathon Tegese

Pacelathon kuwi saka tembung celathu entuk ater-ater Pa-lan panambang -an. Apa iku pacelaton? Pacelathon tegese interaksi antara wong karo wong utawa percakapan antar wong loro utawa luwih. Ing kabudayan Jawa, pacelathon diatur dening unggah-ungguh. Unggah-ungguh basa mau kaperang maneh dadi loro yaiku, basa ngono lan krama. Dening ngoko lan krama uga kaperang dadi loro yaiku, lugu lan alus.

Pacelathon yaiku



Unggah-ungguh basa digunakake agawe menghormati wong ingkang luwih tuwek lan wong ingkang nduweni pangkat sak nduwure. Tuladhane pacelathon Ibu lan anak, Bapak lan anak, Guru lan murid, lsp.

Contoh pacelathon

Pacelaton yaiku percakapan utawa interaksi utawa omong-omongan antara wong loro utawa luwih. Ing ngisor iki tuladhane utawa contoh pacelathon Ibu lan anak.

Pacelathon Bahasa Jawa Ibu lan anak 1

Ibu : "Le, kowe gek apa? Rene, Ibu direwangi blanja ng warung."
Anak : "Nggih bu sekedhap, kula taksih ngerjakke pr. Badhe blanja punapa bu?"
Ibu : "Tulung tuku tepung terigu karo gula setengah kilo. Iki dhuwite."
Anak : "Nggih bu. Kula dateng wande rumiyin nggih."
Ibu : "Iya le. Sing ati-ati yo."
Anak : "Nggih bu."

Pacelathon Basaha Jawa Ibu lan anak 2

Anak : "Bu, kula tindak sekolah rumiyin nggih."
Ibu : "Iyo le, sing ati-ati."
Ibu : "Kok nggawa sapu arep digawe opo le?"
Anak : "Damel ujian chunin bu, ehh, damel kerja bakti dhateng sekolahan bu niki."
Ibu : "Ujian chunin?"
Anak : "Mboten bu, damel kerja bakti dhateng sekolahan".
Ibu : "Woalah, iyo le. Enek kegiatan opo arepan ning sekolahanmu kui le?"
Anak : "Kegiatan jum'at bersih bu."
Ibu : "Oh jum'at bersih to?"
Anak : "Nggih bu."
Ibu : "Yowes ndang budal le."
Anak : "Nggih bu, Assalakualaikum."
Ibu : "Waalaikumsalam."

Pacelathon Bahasa Jawa Ibu lan anak 3

Ibu : "Piye mau sekolahmu le?"
Anak : "Pangestunipun bu. Dinten menika kula seneng lan jengkel."
Ibu : "Lo kok ngono le?"
Anak : "Kula seneng amargi kanca-kanca srawung tambah sae, dene kula jengkel amargi nalika wangsul ban sepeda bocor lan kula kepeksa nuntun."
Ibu : "Sik diulang Pak Bambang kowe le?"
Anak : "Tasik bu, Pak Bambang niku disiplin bu."
Ibu : "Beneran le, kowe ben ora nyepelekake. Mula kowe saiki kudu sregep sinau."
Anak : "Nggih bu."

Itulan penjelasan mengenai pacelathon dan contohnya. Sekian penjelasan kali ini, semoga bermanfaat.

Berlangganan update artikel terbaru via email:

0 Response to "Apa iku pacelathon? Pacelathon tegese"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Bawah Artikel

© Copyright Diangpedia All Rights Reserved