Unsur-Unsur Intrinsik Cerkak - Diangpedia

Unsur-Unsur Intrinsik Cerkak

Unsur-Unsur Intrinsik Cerkak

Cerkak utawa kang diarani cerita cekak (cerita pendek) yaiku gancaran sing ngandharake sarining kedadean utawa lelakon saka awal nganti pungkasaning kanthi cekak. Cerkak nduweni isi kang ringkes, padet lan sakedhik alur ceritane. Cerkak yaiku mubarang bentuk karangan kamg nduweni prosa naratif fiktif lan migunakake basa jawa ing panulisane. Cerkak cenderung padat lan teras nang tujuane, dibandingna karo cerita fiksi sing luweh dawa tuladhane yaiku novel.

Unsur-Unsur Intrinsik Cerkak

Cerita cekak utawa biasa kasebut kanthi cekakan cerkak kuwi mujudake salah sijine karya sastra kang arupa guncaran. Cerkak yaiku cerita kang wujude cekak lan nyritakake sawije paraga utawa tokoh ing saperangan uripe. Cerkak nduweni titikan utawa ciri-cirine yaiku ceritane cendhak, cacahing paraga sithik, migunakake alur tunggal, perkara kang dicritakake namung siji, menawa ditulis ora luwih saka 10.000 tembung.

Unsur Intrinsik Cerkak

Amarga cerkak minangka karya satra, mula ing sajrone ana unsur-unsur pandhapuke kang kapantha dadi loro, yaiku unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik. Unsur intrinsik yaiku unsur kang ngebangun cerkak saka sanjerone cerkak, ing antarane yaiku

1. Underan utawa Tema, yaiku gagasan pokok kang dadi dhasaring cerita.

2. Alur utawa Plot, yaiku urutan lakuning cerita. Alur dibedhakake dadi telu yaiku maju, mundur lan campuran. 

  • Maju yaiku alur ceritane runtut (pengenalan - wiwit ana perkara - perkara klimaks - parampungan)
  • Mundur yaiku alur ceritane ora runtut (wiwit ana perkara - pengenalan - perkara klimaks - perampungan), (wiwit ana perkara - perkara klimaks - perampungan - pengenalan), (wiwit ana perkara - perkara klimaks - pengenalan - perampungan)
  • Campuran, yaiku gabungane alur maju lan mundur.

3. Paraga, yaiku pelaku kang mbagun cerita. Paraga kaperang dadi loro yaiku, parag pokok utawa tokoh utama lan paraga kang sipate ngebantu cerita utawa tokoh pembantu.

4. Watak, yaiku tandha-tandga fisik (dhuwur, lemu, pesek, lsp) lan tanda-tanda non fisik kang nduweni paraga (galak, sumeh, grapyak, pinter, lsp).

5. Setting utawa Latar, yaiku papan, wektu lan swasane kedadeane cerita. Papan tuladhane ing pasar, sawah, dalan, kantor. Wektu tuladhane esuk, awan, sore, bengi. Lan swasana tuladhane rame, sepi, adhem, udan, panas, lsp.

6. Pamawas utawa Sudut Pandang, yaiku ing ngenfi pengarang mapanake dheweke ing cerita. Pawamas dibedhakake dadi loro yaiku
  • Pamawas paraga kapisan, yaiku penulis nyeritakake kisahe dewe kanthi migunakake tembung "Aku", "Kula", "Ingsug", lsp.
  • Pamawas paraga ketelu, yaiku penulis nyeritakake kisahe wong liyo kanthi migunakake tembung "Dheweke", "Dhekne", utawa nyebut jeneng.

7. Lelewaning Basa, yaiku basa kang digunakake pengarang ing cerita.

8. Piweling utawa Amanat, yaiku piweling utawa pitutur saka pengarang marang pamaca cerkak.

Unsur Ekstrinsik Cerkak

Yaiku unsur-unsur sing ana ing njaba karya sastra, ning secara ora tegas mempengaruhi tangen utawa sistem oramganisme karya sastra. Unsur ekstrinsik cerkak antarane yaiku,

  1. Latar buri kuripan pengarang,
  2. Aji-aji jero cerita (Agama, Budaya, Politik, Ekonomi)
  3. Situasi sosial pas cerita kuwi digarap.

Berlangganan update artikel terbaru via email:

0 Response to "Unsur-Unsur Intrinsik Cerkak"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Bawah Artikel

© Copyright Diangpedia All Rights Reserved