Tegese Guru Gatra Yaiku - Diangpedia

Tegese Guru Gatra Yaiku

Tegese Guru Gatra

Guru gatra yaiku cacahing larik utawa baris ing tembang macapat. Bahas guru gatra, uga bahas tembang macapat. Tembang macapat yaiku salah sawijing tembang kang ngrembaka ing tlatah Jawa kang nduweni sawenehing paugeran. Paugeran-paugeran ing tembang macapat iku cacahe ana telu, yaiku guru lagu, guru gatra lan guru wilangan. Artine guru ing tembang macapat yaiku uger-uger, wewaton, paugeran, pathokan. Tembang macapat ana kang diarani yen macane papat-papat, sing dimaksud yaiku macane saben patang wanda (suku kata).

Tegese Guru Gatra Yaiku

Macapat iku cacahe ana 11 metrum, yaiku :
  1. Mijil,
  2. Maskumambang,
  3. Kinanthi,
  4. Sinom,
  5. Asmaradana,
  6. Gambuh
  7. Dhandanggula,
  8. Pangkur,
  9. Durma,
  10. Megatruh, lan
  11. Pucung

Saben metrum macapat kasebut nduweni paugeran panulisan lan cara nembangake kang seje. Ing saben metrum iku nduweni cengkok sing akeh. Maneka warnane cengkok kasebut dumadi awit kreativitase masyarakat Jawa minangka kang nduweni tembang macapat kasebut.

Struktur Tembang Macapat

Struktur tembang macapat kebagi dadi telu yaiku, Guru Lagu, Guru Gatra lan Guru Wilangan.

Guru Lagu

Guru Lagu yaiku tibaning swara ing saben pungkasaning gatra. Tuladhane ing ngisor iki,

Macapat Mijil

Geter pater dhedhet herawati,       (i)
Kilat thathit mawor,                         (o)
Obar-abir ambabae pinggire,         (e)
Kelap-kelap kelamban belani,        (i)
Lelidhah lumidhih,                           (i)
Sang Kusuma ngaduh.                     (u)

Sing kalebu guru lagu ing macapat mijil yaiku, i,o,e,i,i,u

Guru Gatra

Guru gatra yaiku cacahing larik utawa baris ing tembang macapat. Tuladhane ing ngisor iki,

Macapat Mijil

Geter pater dhedhet herawati,       (baris 1)
Kilat thathit mawor,                         (baris 2)
Obar-abir ambabae pinggire,         (baris 3)
Kelap-kelap kelamban belani,        (baris 4)
Lelidhah lumidhih,                           (baris 5)
Sang Kusuma ngaduh.                     (baris 6)

Dadi macapat mijil iku uga nduweni 6 guru gatra utawa baris.

Guru Wilangan

Guru wilangan tegese cacahing wanda ing gatra-gatrane tembang. Tuladhane ing ngisor iki,

Macapat Mijil

Geter pater dhedhet herawati,       (10)
Kilat thathit mawor,                         (6)
Obar-abir ambabae pinggire,         (10)
Kelap-kelap kelamban belani,        (10)
Lelidhah lumidhih,                           (6)
Sang Kusuma ngaduh.                     (6)

Maksud wanda utawa suku katane iku ngene, Ge-ter-pa-ter-dhe-dhet-he-ra-wa-ti. Dadi kabehe guru wilangan ing gatra siji macapat mijil ing nduwur iku 10.

Berlangganan update artikel terbaru via email:

0 Response to "Tegese Guru Gatra Yaiku"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Bawah Artikel

© Copyright Diangpedia All Rights Reserved