Unsur intrinsik geguritan yaiku - Diangpedia

Unsur intrinsik geguritan yaiku

Unsur Intrinsik Geguritan

Unsur intrinsik geguritan yaiku unsur-unsur sing ngebangun geguritan. Geguritan yaiku salah sawijining karya sastra jawi ingkang kawujud saking rasa ing ati kang diucapkaken kaliyan penyair ngagem bahasa ingkang gadah irama, rima, mitra, bait lan panyusunan lirik kang gadah arti utawa makna wonten ing lirik geguritan. Geguritan uga kawujud saking ungkapan lan pikiran penyair. Geguritan ing bahasa Indonesia uga diarani puisi.

Unsur intrinsik geguritan yaiku

Ciri - Ciri Geguritan

Geguritan uga nduweni ciri kayata karya sastra liyane. Ciri-ciri geguritan ing antarane yaiku
  1. Nduweni patokan utawa aturan geguritan kayata Tembang Macapat yaiku guru lagune, guru wilangan lan guru gatran.
  2. Tembung utawa ukara ing geguritan kudu miduweni makna utawa arti.
  3. Migunakake bahasa ingkang sopan lan pantes.
  4. Jeneng pengarang utawa penulise ana ing ngisor judul geguritan.

Unsur Intrinsik Geguritan

Unsur intrinsik geguritan yaiku unsur-unsur sing ngebangun geguritan. Geguritan uga miduweni unsur intrinsik kaya karya sastra liyane, unsur instrinsik geguritan ing antarane yaiku
  1. Tema, sakdurunge gawe geguritan, hal sing kudu ana yaiku tema. Tujuane yaiku supaya isi geguritan bisa luwih apik lan endah. 
  2. Bahasa kang endah, migunakake bahasa ingkang sopan lan pantes. 
  3. Judul Geguritan, supaya bisa ngejelaske isi ingkang ana ng geguritan kagem pembacane. 
  4. Diksi, pamilihan tembung lan ukara supaya basa ingkang digunakake geguritan kuwi sopan lan pantes. 
  5. Citra, digunakake supaya ngewenehi gambaran sing bisa diraba kagem indra. 
  6. Purwakanthi, yaiku tetembungan ingkang runtun karo tembung ngarepe. Tembung purwakanthi iku miduweni 3 jenis, yaiku purwakanthi guru sastra, purwakanthi guru swara lan purwakanthi lumaksita utawa guru basa. 
  7. Amanat, supaya bisa miduweni makna lan arti ingkang diucapkake penulis kagem pembaca.

Jenis - Jenis Geguritan

Jenis - jenis ing geguritan ana 3, yaiku
  1. Jenis geguritan ingkang gambarake kondisi utawa peristiwa (Deskriptif). 
  2. Jenis geguritan ingkang nyeritakake kondisi utawa pengalaman (Naratif). 
  3. Jenis geguritan ingkang pasemon utawa miduweni isi kritikan utawa sindiran. 

Syarat - Syarat Maca Geguritan

Maca geguritan kuwi uga miduweni syarat syarat, lan ora sembarangab ingkang maca geguritan. Syarat - syarat maca geguritan yaiku
  1. Wirama, cendhek duwurr nada utawa keras lemahe swara. 
  2. Wirasa, perasaan utawa penghayatan pas maca geguritan. 
  3. Wiraga, polah utawa gerake ketik maca geguritan. 
  4. Wicara, lancar orane maca geguritan. 

Nulis Geguritan

Ingkang perlu diperhatikne sakdurunge nulis geguritan yaiku

  1. Nentukake Tema. Tema utawa ide kudu ditentukake supaya bisa gampang nulis geguritan. 
  2. Ngubah Tema utawa Ide dadi geguritan. Sawise ketemu tema utawa ide, selanjute yaiku ngolah ide utawa tema lan dihayati. 
  3. Nyusun reng-rengan geguritan. Reng - rengan Geguritan iku ide kang muncul nanging isih mentah. Dadi nulis apa wae kang muncul ing pemikiranmu mengko bakal ditulis lan diolah supaya dadi geguritan kan endah.
  4. Ngubah reng - rengan geguritan lan diwenehi unsur basa kang endah ing geguritan.

Tuladhane Geguritan

Tuladhane geguritan dening Adhinia Imanti

Gurit Pangajab Kanggo Bumi Magelang
(Dening : Adhinia Imanti)

Bumi endahku tlatah Magelang
Dudu mung panggraitaning ati kang lagi nganglang
Iki papan wiyar padhang jingglang
Gemah-ripah Iman-cemerlang
Gemah subur kang sarwa tinandur
Aripah dol-tinuku sarwa lancar kumenyar
Iman sakabehing titag padha ngibadah
Cemerlang kuncara saindhenging bawana

Ujaring kandha,
Magelang uga pusering sejarah Pulo Jawa
Papan wisata jto kutha desa-ngafesa
Kondhang kaonang tumekeng bumi delahan
Lilin moncer Borobudhur
Mendut, Pawon, Pendem, Ngawen, Lumbung
Selagriya, ini atay hubungan kurang kawitane

Aja gumuyu, iki ora saru!
Ana candhi kaaran candhi Asu
Gamrujuging tirta Sekar Langit, Sela Praja,
Curug Silawe lan Kedung Kayang
Nambahi asriningpareden Tidar kawentar

Ing telenging kalbuku
Sumimpen donga suci
Kang dakracik kanggo kamulyanmu
Ing pucuking anyawangku
Kinandhut laku kang tumuju
Nora liya kanggo lestarimu ing sapungkuring wektu
Ing sajroning pikirku
Ginandhang pangajab murih tinemu rahayu
Sarwa-sarwi raharja manggya widada

Magelang kang iman cemerlang
Tansag panggah ngudar pepalang
Endag-edining Merapi dadi seksi
Sumbering tuk makantar nyebar rejeki
Sawiji prasapa kanggo pangajabku;
Bumi wutah getih iki
Bakal dakbelani nganti puputing pati

Berlangganan update artikel terbaru via email:

0 Response to "Unsur intrinsik geguritan yaiku"

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Bawah Artikel

© Copyright Diangpedia All Rights Reserved